3 Teknologi Kanggo Ndukung Pembelajaran Jaman Siki
Saiki jaman wis canggih, sinau ora mung ngandel buku lan guru, nanging uga teknologi. Iki ana 3 teknologi penting sing kudu dipahami para siswa:
1. Panyimpenan Awan (Cloud Storage)
Google Drive utawa OneDrive bisa kanggo nyimpen tugas, file, lan cathetan sinau. Mung nganggo HP wae, kabeh data bisa dibukak kapan wae lan ing endi wae.
2. Piranti AI (Kecerdasan Buatan)
Contone kaya ChatGPT, bisa bantu nerangake pelajaran, nggawe ringkesan, utawa menehi ide kanggo tugas. Nanging, kudu pinter nganggo, aja mung disalin mentah.
3. Aplikasi Pengatur Wektu
Google Calendar utawa Notion bisa dipiguna kanggo nyusun jadwal sinau, ngelingake deadline tugas, lan ngatur wektu ngaso. Supaya sinau luwih tertib lan ora ngoyo.
Teknologi kuwi kanca sinau, dudu musuhmu. Yen dipiguna kanthi bener, bisa ndadekake uripmu luwih gampang lan sukses.